Kamis, 27 Juli 2017

obat alami

#INFO Mugo2 bermanfaat. Saking Simbah Nyai Azizah Ma'shoem Putrinipun Mbah Ma’shoem Lasem, beberapa pantangan dan obat utk beberapa penyakit. Mohon do'anya supaya mbah Zah ttep sehat selalu. Aamiin #Gambar_1 Obat kanggo asam urat Godong kersen di pepe nganti garing, banjur di godok koyo gawe teh. Kejobo kanggo asam urat ugo kanggo nurunake gula kencing manis. Pohon telo londo kanggo obat asam urat, lan kanggo ngobati kangker. Tapi syarate kudu karo godong kersen ora keno di tutupi. ~~÷~~ Kanggo ngobati gagal ginjal sing rusak Bawang lanang (bawang sing ijen) karo bawang bombay (brambang gede/brambang bombay). ~~÷~~ Obat kanggo alergi sesak nafas Pupus daun singkong campurane daun ciplukan sak wite. Kulite kembang gading kuning/kulite kembang kenongo. Artine kulit iku kulit wit baba'an. Di godok koyo teh kanggo alergi sesek. ~~÷~~ Pantangan asam urat Kubis, sukun kluweh, kacang2/kacang tanah, cumi2, bandeng, melinjo, emping melinjo, wijen, segala jeroan. Ginjal Ketan ireng di pususi, banjur di kum banyu mateng adem, di leremke suwengi, isuke di minum. #Gambar_2 (Pantangan darah rendah) Wedang jeruk pecel/jeruk nipis, segala buah sing kecut, luweh2 wedang jeruk, semongko lgsg drop, isine bayem, timun, nanas, minume supoyo wedang jahe, susu, kacang ijo di bubur ora usah santen di wenehi gulo jowo karo uyah sitik, jangan minum jeruk nipis/jeruk pecel, marahi drop/lemes. (Pantangan Jantung) Kopi, es, kecut, gajih2, ora keno akeh2 masakan sing mengandung minyak, ikan kambing (buah prei ndisik) luweh2 buah sing kecut, segala jeroan, kango mikir2 susah, kaget krungu omongan sing nyusahake, nglamun, timun, bayem, jeruk pecel, durian, nongko, supoyo atine di enggo bungah, ojo di enggo mikir2, minum air putih sing akeh, minum wedang jahe, jantung iku kudune sing anget2, es larangan banget, kipas angin prei, luweh2 ac kanggo jantung bahaya banget. Insya Allah, nek gelem nyiriki/ninggalake pantangan2 iki kabeh insya Allaah pinaringan seger kuwarasan, sehat wal afiat. Banjur isuk2 mulai ba'da subuh gelem mlaku2/lungguh waktu metune srengenge mepe awak, srengengenan tambah sehat kuat waras, aamiin Allaahumma aamiin. Ojo ninggal berdo'a marang Allah. Ikhtiar dzohir, ikhtiar bathin di lakoni kabeh, Mugo2 di paringi panjang umur, aamiin. #Gambar_3 #Gambar_3 Pantangan Pantangan kencing manis, ikan kambing, kopi, kacang tanah/kacang kanggo sate ayam/kanggo tahu, mlinjo/emping mlinjo, legi/manos, segala jeroan, tidur pagi ba'da subuh, keno turu rino mulai jam 10 pagi sak tutuke, asal ora ninggal sholat (turu ora tangi). (Pantangan Paru2) Ikan kambing, kecut2, iwak nus/cumi2, mambu baygon utowo obat lamuk, keno ac, keno kipas angin, es, melek dalu, keno angin, pikiran susah, sedih, ngelamun. Podo karo jantung, jeruk nipis/jeruk pecel marahi, drop, lemes, bahaya banget. Ojo minum wedang jeruk/jeruk pecel/jeruk nipis. Penyakit paru2/jantung supoyo di enggo seneng2 bungah2, ojo di enggo susah2 podo karo jantung, telur, minume supoyo wedang jahe manis, panas2, anget2 kanggo jantung/paru2. (Pantangan darah tinggi) Ikan kambing bahaya banget, kopi, mlinjo/emping mlinjo, durian, nongko, kelengkeng, segala jeroan, gajih2, ikan nus/cumi2, mente, kacang tanah, kacang kanggo sate ayam/kanggo tahu, asin garam, susu, daging sapi, jahe, ukiran/mente, santen2, kulit ayam marahi kolesterol tinggi, daun telo puhung marahi linu cekot2 balunge, asam urat. Kiranya bermanfaat, monggo di share...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar